Menawi mangsa rendheng sampun dumugi, among tani sami nyiagaaken sabin. Wonten ing wekdal mekaten, pengolahanipun siti ingkang nggadhahi tujuan supados kahanan siti sabin cocok kaliyan taneman. Pengolahanipun siti sabin wonten mepinten-pinten tataran, inggih menika:
a. Ngileni
toya (leb)
Tegesipun,
sabin ingkang badhe dipungarap diileni toya supados empuk lan gampil
panggarapanipun.
b. Nyukoni
Inggih
menika macul wonten ing pojokan sabin lan ugi perangan pinggir ingkang mepet
galengan amargi papan wau mboten kaliwatan waluku utawi garu. Nyukoni ngagem
piranti ingkang naminipun pacul.
c. Ngluku
lan macul
Inggih
menika malik siti (lemah) ngagem piranti ingkang naminipun waluku ingkang dipun
seret kaliyan lembu utawi maesa. Malik siti ugi saged dipunpacul, macul ngagem
piranti ingkang naminipun pacul.
d. Nembok
Inggih
menika ndandosi galengan supados saged rapi.
e. Namping
Inggih
menika ngicali suket ingkang wonten pinggir galengan ngagem pacul.
f. Nggaru
Inggih
menika ngratakaken siti ngagem piranti ingkang naminipun garu ingkang
dipunseret lembu utawi maesa, saged ugi dipunseret kaliyan kadang tani. Kanthi
dipungaru, brongkalan-brongkalan siti
sami ajur. Tujuanipun nggaru inggih menika supados siti saged lembut lan
toyanipun saged rata,
g.
Ndamel
Winihan
Ndamel
winihan inggih menika ndamel papan kangge nyebar gabah ingkang bakal dados winih
ingkang badhe dipuntanem. Papan punika dipunsebat bedengan. Bedengan dipundamel
wonten ing pojokan sawah.
h. Nyebar
Saderengipun
gabah dipunsebar kedah dipunkum kanthi suwenipun
tiga dumugi gangsal dinten. Salajengipun, winih dipuntirisaken lan dipuntengga
ngantos winihipun thukul. Saksampunipun winihipun thukul, lajeng dipunsebar
wonten bedengan ingkang sampun
dipuncawisaken.
i. Ndhaut
Ndhaut
inggih menika mbedholi winih saking bedengan lan winih dipunresiki oyotipun
saking lendhut. Ndhaut kedah ngatos-atos, winih ingkang dipunbedhol
mboten pareng pedhot oyotipun. Lajeng dipuntaleni kalih tekem- kalih tekem.
mboten pareng pedhot oyotipun. Lajeng dipuntaleni kalih tekem- kalih tekem.
j. Mbanjari
Tegese
winih diwratake ing sabin ingkang awujud ler-leran. Tujuwanipun supados tiyang
ingkang tanem mboten tebih anggenipun mendhet winih lan saged
dipunkira-kira kirang menapa mboten winihipun.
k. Tandur
Winih ingkang sampun dipunbanjari, dipun
pendhet setunggal dumugi tiga winih, lajeng dipuntanem wonten ler-leran kanthi
jarak kalihdasa dumugi selangkung sentimeter. Supados tanduran saged tumata larikanipun,
katon runtut, luwih rumuyin nancepaken kepala, inggih menika tancepan tanduran
ingkang bakal dados panutan. Piranti kagem nanem pantun inggih menika wilah ingkang dipunparingi tetenger kang sami
elete. Piranti wau dipun arani klathakan utawi blak. Blak ditrapke manut kepala, nuli saben tetenger ditancepi winih. Arahipun tandur inggih menika mundur. Bibit
dipun tanem wonten siti pasabinan ingkang lebetipun toya kirang langkung 10
dumugi 15 cm.
Sak sampunipun dipuntanem, mangka taneman badhe tuwuh ngrembaka wonten wekdal 3 dumugi 4 minggu. Wonten wekdal mekaten pantun kedah pikantuk toya ingkang cekap, kedah dipunrabuk, lan kedah dipunwatun. Supados pantun mboten risak.
Sak sampunipun dipuntanem, mangka taneman badhe tuwuh ngrembaka wonten wekdal 3 dumugi 4 minggu. Wonten wekdal mekaten pantun kedah pikantuk toya ingkang cekap, kedah dipunrabuk, lan kedah dipunwatun. Supados pantun mboten risak.
l. Matun
Kintun-kintun
umur setunggal sasi, sabin dipunwatun utawi dipungosrok. Matun inggih menika
mbubuti suket wonten ing sakiwa tengenipun tanduran. Tujuwanipun kangge
ngilangi suket ingkang ngganggu taneman pantun, ugi gadhah tujuan nggemburaken
siti. Nggosrok migunakaken piranti ingkang naminipun sorok. Matun migunakaken
tangan.
m. Panen
Pantun
Pantun
biasanipun saged dipun undhuh utawi dipun panen udakawis sekawan dumugi gangsal
wulan. Wonten ing wekdal mekaten, pantun sampun kebak isinipun lan warninipun
sampun jene. Panen pantun ngginakaken piranti, inggih menika
n. Ngrabuk
Supados
kahanan siti subur, kedah dipunrabuk. Biasanipun rabuk dipundamel saking
godhong garing ingkang dibosokaken utawi saking inthil wedhus.
o. Ndamel
Weweden Manuk
Nalika
pantun sampun kuning, biasanipun kadang tani sami ndamel weweden manuk.
Tujuanipun inggih menika kangge medeni manuk ingkang badhe maem pantun. Weweden
manuk saged dipundamel saking pring, bagor kaliyan ubarampe ingkang saged mbentuk wong-wongan.
p. Ngrontoki
Pantun
Inggih menika ngrontoki pantun
supados pisah kaliyan gagangipun.
Ngrontoki pantun wonten tiga cara, inggih menika dipuniles dipungepyok, kaliyan
dipuntumbuk ngagem lesung. Ngiles inggih menika ngidak-idak pantun supados
pisah saking gagangipun. Nggepyok inggih
menika misahaken pantun saking gagangipun ngagem piranti ingkang naminipun
gebotan.
1. Ani-ani
Ani-ani menika satunggaling lading
alit kagem manen pantun. Cara
ngginakaken
piranti menika inggih menika gagang pantun diiris setunggal-setunggal, dadosipun
proses punika
mbutuhaken kathah wekdal, ananging kauntunganipun inggih menika
pantun ingkang
dereng kuning mboten tumut kairis.
2. Arit
Arit menika salah satunggaling piranti kagem manen pantun. Arit menika piranti damelan pandhe, ingkang wujudipun nyantuk utawi mbéngkong. Wonten basa indonésia kethenger sabit. Bahan utamanipun saking wesi utawa waja ingkang dipepeh klenyeh wonten pangobongan pandhé kaliyan dipuntipisaken ngagem palu. Landhepé wonten ing canthukan wiwit saking pucuk ngantos ngisor caket tanganan.
Arit menika salah satunggaling piranti kagem manen pantun. Arit menika piranti damelan pandhe, ingkang wujudipun nyantuk utawi mbéngkong. Wonten basa indonésia kethenger sabit. Bahan utamanipun saking wesi utawa waja ingkang dipepeh klenyeh wonten pangobongan pandhé kaliyan dipuntipisaken ngagem palu. Landhepé wonten ing canthukan wiwit saking pucuk ngantos ngisor caket tanganan.
3. Tenggok
Inggih menika piranti kangge wadah pantun, biasanipun tenggok digendhong kaliyan tiyang ingkang manen pantun wonten ing geger ngangge jarit.
Inggih menika piranti kangge wadah pantun, biasanipun tenggok digendhong kaliyan tiyang ingkang manen pantun wonten ing geger ngangge jarit.
4. Bagor
Bagor menika satunggaling piranti kagem madahi pantun.
Bagor menika satunggaling piranti kagem madahi pantun.
5. Caping
Tindhak wonten ing sabin, kedah mboten kesupen anggenipun mbeta caping. Tujuanipun inggih menika kangge nglindungi mustaka saking panasipun srengenge lan menawi jawah. Caping dipundamel saking iratan pring.
Tindhak wonten ing sabin, kedah mboten kesupen anggenipun mbeta caping. Tujuanipun inggih menika kangge nglindungi mustaka saking panasipun srengenge lan menawi jawah. Caping dipundamel saking iratan pring.
q. Mepe
Gabah
Sasampunipun dipunrontoki, gabah
lajeng dipepe supados saged garing. Piranti ingkang diagem inggih menika kepang
kaliyan serok. Kepang didamel saking
iratan pring. Kepang diginakaken kangge alas nalika mepe. Serok didamel saking
kayu ingkang diginakaken kangge ngratakaken lan malik gabah
nalika dipunpepe.
Sinambi
dipunpepe, adat sabenipun gabah dipuntapeni ngagem piranti ingkang naminipun
tampah. Tujuanipun misahaken kapak utawi gabah ingkang mboten wonten isinipun
saking gabah ingkang wonten isinipun.
r. Numbuk
Beras
Supados dados beras, gabah
kedah ditumbuk rumiyin ngagem alat ingkang naminipun lumpang kaliyan alu. Tujuanipun inggih menika kangge
misahaken beras saking kulitipun.
0 comments:
Post a Comment