Tuesday, January 3, 2017

Contoh Panawung Kridha

Assalamualaikum Wr.Wb
A’udzubillahiminasyaitanirrajim, Bismillahirrahmanirrahim, Alhamdulillahirobbl’alamin, Wabihinastanginungala Umuridunyawaddin, Sayyidina Wamaulana Muhammadin, Wa’alaalihi Wasahbihi Ajma’in, Qala Rabbisrahlisadri, Wayassirli Amri, Wahlu’uqdatammillisani Yafqahu Qauli, Ammaba’du.
Panjenenganipun para alim ulama ingkang tansah minulya,
Panjenenganipun Bapak Camat, Bapak Kapolsek, Bapak Danramil, Bapak KUA kecamatan Moyudan, Bapak Lurah Sumberagung ingkang tansah kinurmatan,
Para sesepuh pini sepuh ingkang tansah kita bektosi,
Sedaya Takmir Masjid Taqwa rokhimakumullah,
Para pilenggah, tamu undangan, Jama’ah Masjid Taqwa Pendulan ingkang bagya mulya.

            Langkung rumiyin, sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Swt, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan, arupi kasarasan jasmani lan rohani, satemah ngantos wekdal punika panjenengan  dalasan kula saged ngrawuhi acara pengetan tanggap warsa 1 Muharram 1436 Hijriah kanti wilujeng mboten wonten alangan setunggal punapa. Shalawat sarta salam mugi tetep katur kunjuk dhumateng junjungan Nabi Agung Muhammad saw, ingkang kita antu-antu syafa’atipun wonten Yaumil Qiyamah Amin. 
            Sagung para rawung ingkang bagya mulya,
            Keparenga munggel pangandikan sawetawis, nun inggih kepareng kula matur amakili sedaya kadang panitya pengetan tanggap warsa 1 Muharram 1436 Hijriah.
            Sepisan kula ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun dhumateng panjenengan ingkang sampun kersa nglonggaraken wekdal rawuh wonten ing papan menika saperlu sareng-sareng mengeti pengetan tanggap warsa 1 Muharram 1436 Hijriah.
            Bapak ibu sagung para rawuh ingkang tuhu kinurmatan,
            Kaping kalihipun kula dalasan para kanca ingkang ngayahi karya wonten ing wekdal punika ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak ibu ingkang sampun paring pambiyantu ingkang awujud menapa kemawon, satemah saged damel rancag lancaring acara wonten ing wekdal punika. Mugi-mugi kesaenan panjenengan cinathet minangka amal jariyah lan katampi wonten ngarsanipun Gusti Allah lan mugi kaparing piwales ingkang sakalangkung kathah.
            Salajengipun kula sakanca nglenggana sadangunipun ngayahi karya wonteng ing wekdal punika, anampi rawuh panjenengan, caos papan palenggaan lan ugi dhaharan lan unjukan tentu kathah kekirangan saha boten damel renaning penggalih panjenengan. Awit saking punika kula dalasan sedaya kadang panitya nyuwun agunging pangaksami.
            Wekasan kula sakanca anggadahi pangajap mugi-mugi kanthi pengetan tanggap warsa 1 Muharram 1436 Hijriah punika saged andadosaken para warga tambah sregep anggenipun ngibadah dhumateng Gusti Allah .
            Mekaten ingkang saged kula aturaken amakili para kadang panitya. Saestu atur kula kathah kalepatan saha kakiranganipun kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.


Wassalamualaikum. Wr. Wb.
Share:

1 comment: