Tuesday, January 3, 2017

Urutan Nandur Pari



Menawi  mangsa rendheng sampun dumugi, among tani sami nyiagaaken sabin. Wonten ing wekdal mekaten, pengolahanipun siti ingkang nggadhahi tujuan supados kahanan siti sabin cocok kaliyan taneman. Pengolahanipun siti sabin wonten mepinten-pinten tataran, inggih menika:
a.   Ngileni toya (leb)
Tegesipun, sabin ingkang badhe dipungarap diileni toya supados empuk lan gampil panggarapanipun.
b.  Nyukoni
Inggih menika macul wonten ing pojokan sabin lan ugi perangan pinggir ingkang mepet galengan amargi papan wau mboten kaliwatan waluku utawi garu. Nyukoni ngagem piranti ingkang naminipun pacul.
c.   Ngluku lan macul
Inggih menika malik siti (lemah) ngagem piranti ingkang naminipun waluku ingkang dipun seret kaliyan lembu utawi maesa. Malik siti ugi saged dipunpacul, macul ngagem piranti ingkang naminipun pacul.
d.  Nembok
Inggih menika ndandosi galengan supados saged rapi.
e.   Namping
Inggih menika ngicali suket ingkang wonten pinggir galengan ngagem pacul.
f.    Nggaru
Inggih menika ngratakaken siti ngagem piranti ingkang naminipun garu ingkang dipunseret lembu utawi maesa, saged ugi dipunseret kaliyan kadang tani. Kanthi dipungaru,  brongkalan-brongkalan siti sami ajur. Tujuanipun nggaru inggih menika supados siti saged lembut lan toyanipun saged rata,
g.   Ndamel  Winihan
Ndamel winihan inggih menika ndamel papan kangge nyebar gabah ingkang bakal dados winih ingkang badhe dipuntanem. Papan punika dipunsebat bedengan. Bedengan dipundamel wonten ing pojokan sawah.
h.  Nyebar
Saderengipun gabah dipunsebar kedah dipunkum kanthi suwenipun tiga dumugi gangsal dinten. Salajengipun, winih dipuntirisaken lan dipuntengga ngantos winihipun thukul. Saksampunipun winihipun thukul, lajeng dipunsebar wonten bedengan  ingkang sampun dipuncawisaken.
i.    Ndhaut
Ndhaut inggih menika mbedholi winih saking bedengan lan winih dipunresiki oyotipun saking lendhut. Ndhaut kedah ngatos-atos, winih ingkang dipunbedhol
mboten pareng pedhot oyotipun. Lajeng dipuntaleni kalih tekem- kalih tekem.
j.    Mbanjari
Tegese winih diwratake ing sabin ingkang awujud ler-leran. Tujuwanipun supados tiyang ingkang tanem mboten tebih anggenipun mendhet winih  lan saged dipunkira-kira kirang menapa mboten winihipun.
k.   Tandur
     Winih ingkang sampun dipunbanjari, dipun pendhet setunggal dumugi tiga winih, lajeng dipuntanem wonten ler-leran kanthi jarak kalihdasa dumugi selangkung sentimeter.  Supados tanduran saged tumata larikanipun, katon runtut, luwih rumuyin nancepaken kepala, inggih menika tancepan tanduran ingkang bakal dados panutan. Piranti kagem nanem pantun inggih menika  wilah ingkang dipunparingi tetenger kang sami elete. Piranti wau dipun arani klathakan utawi blak. Blak ditrapke manut kepala, nuli saben tetenger  ditancepi winih.  Arahipun tandur inggih menika mundur. Bibit dipun tanem wonten siti pasabinan ingkang lebetipun toya kirang langkung 10 dumugi 15 cm.
      Sak sampunipun dipuntanem, mangka taneman badhe tuwuh ngrembaka wonten wekdal 3 dumugi 4 minggu. Wonten wekdal mekaten pantun kedah pikantuk toya ingkang cekap, kedah dipunrabuk, lan kedah dipunwatun. Supados pantun mboten risak.
l.    Matun
Kintun-kintun umur setunggal sasi, sabin dipunwatun utawi dipungosrok. Matun inggih menika mbubuti suket wonten ing sakiwa tengenipun tanduran. Tujuwanipun kangge ngilangi suket ingkang ngganggu taneman pantun, ugi gadhah tujuan nggemburaken siti. Nggosrok migunakaken piranti ingkang naminipun sorok. Matun migunakaken tangan.
m. Panen Pantun
Pantun biasanipun saged dipun undhuh utawi dipun panen udakawis sekawan dumugi gangsal wulan. Wonten ing wekdal mekaten, pantun sampun kebak isinipun lan warninipun sampun jene. Panen pantun ngginakaken piranti, inggih menika


n.  Ngrabuk
Supados kahanan siti subur, kedah dipunrabuk. Biasanipun rabuk dipundamel saking godhong garing ingkang dibosokaken utawi saking inthil wedhus.
o.  Ndamel Weweden Manuk
Nalika pantun sampun kuning, biasanipun kadang tani sami ndamel weweden manuk. Tujuanipun inggih menika kangge medeni manuk ingkang badhe maem pantun. Weweden manuk saged dipundamel saking pring, bagor kaliyan ubarampe ingkang saged  mbentuk wong-wongan.
p.  Ngrontoki Pantun
Inggih menika ngrontoki pantun supados pisah kaliyan gagangipun. Ngrontoki pantun wonten tiga cara, inggih menika dipuniles dipungepyok, kaliyan dipuntumbuk ngagem lesung. Ngiles inggih menika ngidak-idak pantun supados pisah saking gagangipun.  Nggepyok inggih menika misahaken pantun saking gagangipun ngagem piranti ingkang naminipun gebotan.
                 1.     Ani-ani
Ani-ani menika satunggaling lading alit kagem manen pantun. Cara  ngginakaken
piranti menika inggih menika gagang pantun diiris setunggal-setunggal, dadosipun
proses punika mbutuhaken kathah wekdal, ananging kauntunganipun inggih menika
pantun ingkang dereng kuning mboten tumut kairis.
                 2.     Arit
Arit menika salah satunggaling piranti kagem manen pantun.  Arit menika piranti damelan pandhe, ingkang wujudipun nyantuk utawi mbéngkong. Wonten basa indonésia kethenger sabit. Bahan utamanipun saking wesi utawa waja ingkang dipepeh klenyeh wonten pangobongan pandhé kaliyan dipuntipisaken ngagem palu. Landhepé wonten ing canthukan wiwit saking pucuk ngantos ngisor caket tanganan.
                 3.     Tenggok
Inggih menika piranti kangge wadah pantun, biasanipun tenggok digendhong kaliyan tiyang ingkang manen pantun wonten ing geger ngangge jarit.
                 4.     Bagor
Bagor menika satunggaling piranti kagem madahi pantun.
                 5.     Caping
Tindhak wonten ing sabin, kedah mboten kesupen anggenipun mbeta caping. Tujuanipun inggih menika kangge nglindungi mustaka saking panasipun srengenge lan menawi jawah. Caping dipundamel saking iratan pring.
q.  Mepe Gabah
Sasampunipun dipunrontoki, gabah lajeng dipepe supados saged garing. Piranti ingkang diagem inggih menika kepang kaliyan serok. Kepang didamel saking iratan pring. Kepang diginakaken kangge alas nalika mepe. Serok didamel saking kayu ingkang diginakaken kangge ngratakaken lan malik gabah nalika dipunpepe.
Sinambi dipunpepe, adat sabenipun gabah dipuntapeni ngagem piranti ingkang naminipun tampah. Tujuanipun misahaken kapak utawi gabah ingkang mboten wonten isinipun saking gabah ingkang wonten isinipun.
r.   Numbuk Beras

Supados dados beras, gabah kedah ditumbuk rumiyin ngagem alat ingkang naminipun lumpang kaliyan alu. Tujuanipun inggih menika kangge misahaken beras saking kulitipun.
Share:

0 comments:

Post a Comment