Tuesday, January 3, 2017

Contoh Sesorah Basa Jawa Pengetan 1 Muharram

Assalamu’alaikum wr.wb
A’udzubillahiminasyaitanirrajiim, Bismillahirrahmanirrahiim, Alhamdulillahirobbl’alamin, Wabihinastanginungala Umuridunyawaddin, Washalatuwassalamungala Asrafil Ambiyaiwalmursalin, Sayyidina Wahabibina Wamaulana Muhammadin, Wa’alaalihi Wasahbihi Ajma’in, Qala Rabbisrahlisadri, Wayassirli Amri, Wahlu’uqdatammillisani Yafqahu Qauli, Ammaba’du.
Wonten ngarsanipun para alim ulama ingkang tansah minulya,
Wonten ngarsanipun Bapak Camat, Bapak Kapolsek, Bapak Danramil, Bapak KUA
Kecamatan Moyudan, Bapak Lurah Sumberagung ingkang tansah kinurmatan,
Dhumateng para sesepuh pini sepuh ingkang tansah kita bektosi,
Dhumateng sedaya Takmir Masjid Taqwa rokhimakumullah.
Para pilenggah, tamu undangan, Jama’ah Masjid Taqwa Pendulan ingkang bagya mulya.

Langkung rumiyin sumangga wonten ing titi kalodhangan punika kita sesarengan ngaturaken raos syukur dhumateng ngarsa dalem Allah Swt kanthi ucapan Alhamdulillah wa syukurilah, ingkang sampun maringi rahmat, hidayah, lan inayahipun satemah kita sami saged makempal wonten ing acara pengetan tanggap warsa 1 Muharram 1436 Hijriah punika kanthi sehat wal afiat allohumma aamiin.
Kaping kalihipun shalawat sarta salam mugi tetep katur kunjuk dhumateng junjungan nabi kita Muhammad saw. kanthi ucapan Allahumma Sholiala Syayidina Muhammad, mugi-mugi loberan salamipun saged anglumeberi ing panjenengan dalasan kula, Aamiin-aamiin Ya Robal ‘Alamin.

Saklajengipun wonten ing mriki kula badhe ngaturaken bab mengeti 1 Muharram 1436 Hijriah. Panjenengan dalasan kula sami saged ngraosaken bilih titi wanci punika warsanipun tambah, ananging sayegtosipun jatah yuswa kita samsaya nyelaki pejah kita.
Sakmenika mangga kita dandosi salira kita lan manah kita, kita isi kanthi tumindak-tumindak ingkang langkung sae tinimbang warsa kapengker, panjenengan dalasan kula kedah anggadhahi motivasi positif kados dipunngendikakaken para alim ulama ingkang suraosipun, mekaten:
اعمل لدنياك كأنك تعيش أبدا ، و اعمل لآخرتك كأنك تموت غدا
 “Ikmalidunyaka Kaannaka Tangisuabadan Wakmalliakhirotika Kaannaka Tamutu Ghodan”
Ingkang artosipun:
“Tumindaka gegayutan kaliyan urusan donya kaya-kaya sliramu kabeh arep urip saklawase lan tumindaka kanggo urusan akhiratmu kaya-kaya sliramu arep mati sesok.”
Dados panjenengan sedaya dalasan kula, menawi nyambut damel kangge pangupa jiwa, anggadhahi raos kados badhe gesang sak lami-laminipun wonten ing donya, ananging menawi kita nembe ngibadah kangge akhirat, kita kedah anggadhahi raos kados-kados mbenjang badhe seda. Bab kasebat anggadhahi makna bilih antawisipun nyambut damel kaliyan ngibadah kedah selaras satemah kangge nulisi manah kita ingkang badhe dhateng.

Ugi dipunngendikaaken:
“Tiyang ingkang rugi punika menawi anggadhahi tumindak dinten punika langkung awon punapa sami kaliyan dinten kapengker, ateges manungsa menika anggadhahi kapitunan ingkang ageng utawi rugi, ananging kita ingkang anggadhahi amal kesaenan, dinten punika langkung sae tinimbang dinten kala wingi, lan dinten mbenjang langkung sae tinimbang dinten sakmenika.”
Tiyang menika kalebet tiyang ingkang sami anggadhahi kabegjan.

Dhumateng para sesepuh pini sepuh lan sedaya ingkang rawuh kakung miwah putri ingkang tuhu kinurmatan,
Wonten bab ingkang perlu kaaturaken:
Gegayutan kaliyan pengetan 1 Muharram 1436 Hijriah inggih punika wontenipun donga akhir warsa kaliyan donga awal warsa ingkang punika sami kathah tiyang-tiyang ingkang boten mangertosi menapa ingkang kedah dipuntindakaken wonten ing wekdal akhir warsa lan awal warsa. Miturut para alim ulama, wekdal-wekdal punika kalangkung sae kangge ndedonga. Donganipun akhir warsa anggadhahi inti, inggih menika:
“Bilih syaitan sami susah lan boten wonten ginanipun nggodha anak Adam utawi manungsa wonten ing warsa punika, amargi tiyang punika maos donga akhir warsa. Pramila Gusti Allah paring pangapunten sedaya dosanipun ingkang maos selami setunggal warsa kapengker.” Donga awal warsa anggadhahi pangajab sinten tiyang ingkang maos donga punika  syaitan ngucap:
“Wis padha aman kabeh anak Adam sing gelem maca donga awal warsa saka godhaanku, sebab malaikat njaga dhumateng anak Adam saking fitnahe syaitan.”

Para sesepuh pini sepuh, para lenggah kakung miwah putri ingkang tuhu kinurmatan,
Mangga kita sareng-sareng ndedonga wonten wekdal-wekdal warsa enggal. Ingkang langkung wigati malih, mangga panjenengan dalasan kula sareng-sareng mawas diri kangge ningali tumindak-tumindak kita ingkang dereng sae. Mangga kita gantos kanthi tumindak ingkang sae wonten warsa kang badhe dhateng. Mugi-mugi Allah nyembadani sedaya hajad panjenengan dalasan kula. Aamiin.

Para sesepuh pini sepuh, para lenggah kakung miwah putri ingkang tuhu kinurmatan,
Cekap semanten ingkang saged kawula aturaken, mugi-mugi wonten manfaatipun. Sedaya kekirangan lan kekhilafan kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksami. Sugeng Warsa Enggal 1 Muharram 1436 Hijriah.

Dhahar kupat kalian santen
Menawi lepat nyuwun ngapunten

Kula akhiri

Walngaffumingkum,
Wassalamu’alaikum wr.wb.

Share:

0 comments:

Post a Comment