Monday, January 16, 2017

Contoh Sandiasma Durma

Durma
Dening Annisa Nur Baiti
Andulu truna kang beneh tata krama
Nikanang angabekti
Sajroning nagara
Nuryaga cuil ninga
Bawana brastha uwis
Ilang prasama  
Titipan widya gusti

A.  Paugeran Tembang
a.   Jinising tembang           : Durma
b.   Guru gatra                     : 7
c.   Guru lagu lan guru wilangan     : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
d.   Tema                             : Kauripan (Kahanan nom-noman saiki)
e.   Watakipun tembang      : Murka
f.    Isi                                   :
Wonten ing jaman sakmenika, kepanggih nem-neman ingkang mangertos tata krama lan ingkang purun ngabekti marang nagari sampun langka. Kathah saking nem-neman ingkang tumindakipun mboten trep kaliyan unggah ungguh miwah langkung remen niru kabudayan masyarakat kilen. Dunya menika ugi bubrah lan risak amargi manungsanipun urip kanthi mboten nindakaken dhawuhipun Gusti Allah. 

B.  Paugeran Anggitan
a.   Wancahan
Kang --- saking tembung “ingkang”
b.   Uluran
Angabekti --- saking tembung “ngabekti”
c.   Plutan
Sajroning --- saking tembung “sajeroning”
d.   Baliswara
Cuil ninga --- saking tembung “ninga cuil”
Brastha uwis --- saking tembung “uwis brastha”

C.  Basa Kawi (Persentase Basa Kawi = 42,9%)
a.   Andulu   : nyawang, nonton
b.   Truna     : nem-neman
c.   Nikanag : ingkang
d.   Beneh    : mangertos
e.   Nuryaga : sekti, digdaya
f.    Bawana  : jagad
g.   Brastha  : risak, bubrah
h.   Prasama : sedaya
i.    Widya      : ngelmu
Share:

0 comments:

Post a Comment