Tuesday, March 31, 2015

Pranatacara "Pengetan 1 Muharram"



            Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhuh,
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’du.   
            Panjenenganipun para alim ulama ingkang tansah tinuladha dening para umat,
            Panjenenganipun Bapak Camat, Bapak Kapolsek, Bapak Danramil, Bapak KUA Kecamatan Moyudan, Bapak Lurah Sumberagung ingkang tansah kinurmatan,
            Dhumateng para sesepuh pini sepuh ingkang satuhu kinabekten,
            Dhumateng sedaya jamaah Masjid Taqwa rokhimakumullah,
            Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titi wanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun nikmat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
            Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para keluarganipun saha para sahabatipun, satemah benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun. Aamiin.
            Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
            Keparenga kula ingkang kajibah ndherekaken acara badhe angaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan 1 Muharram 1436 Hijriah ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
Adicara ingkang angka sepisan, Pambuka.
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking ketua panitia.
Adicara ingkang angka sekawan, selingan.
Wondene adicara ingkang angka gangsal, Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Ustadzah Rizqika Lufieta Wibowo.
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
            Mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan 1 Muharram 1436 Hijriah ing dalu punika.
            Kepareng angancik acara ing sepisan, nun inggih Pambuka. Pramila sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Allah SWT kanthi waosan Basmallah.
=Bismillaahirrahmanirrahiimm=
            Matur nuwun.
            Ndungkap adicara ingkang angka kalih, inggih menika Waosan Kalamullah ingkang badhe kasarirani dening sedherek Khorida Imtinan Rofifah. Kasuwun dhumateng sedaya jamaah mugi kepareng midangetakan sak lebeting manah. Dhumateng sedherek Khorida wekdal kasumanggaaken.
=====
            Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab mugi dhumateng panjenenganipun ingkang sampun ngaturaken waosan pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT, sumrambah dumateng kita sedaya kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka satemah saged ayom ayem tentrem. Aamiin
            Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking ketua panitia. Dhumateng sedherek Syarifah Alfi Nurumami wekdal kasumanggaaken.
=====
            Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan inggih menika selingan ingkang badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Dusun Pendulan. Wekdal kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
=====
            Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
            Purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking Adicara salajengipun, minangka sari lan wigatosing pepanggihan ing dalu punika kasuwun dhumateng Ustadzah Rizqika Lufieta kasuwun paring mauidhah hasanah saha wedharing tausiyah. Wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
======
            Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun Ustadzah Rizqika Lufieta Wibowo ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing pengaosan.
            Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah,
            Purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinanggih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
            Muslimin lan muslimat ingkang kinurmatan,
            Minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT kanthi maos lafal Hamdalah.
= Alhamdulillaahirabbil’aalamiin =
            Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
            Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhuh.


Share:

0 comments:

Post a Comment